1/99
Looks like no tags are added yet.
Name | Mastery | Learn | Test | Matching | Spaced | Call with Kai |
|---|
No analytics yet
Send a link to your students to track their progress
Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar tertamtu diarani ....
a. layang b. handphone c. email d. internet
a. Layang
Yen arep kirim layang kudu mara ing ....
a. telkom b. bank c. kantor pos d. BPR
c. kantor pos
Perangan layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani ....
a. adangiyah b. purwaka basa c. titi mangsa d. surasa basa
b. purwaka basa
Perangan layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lsp yaiku ...
a. titimangsa b. adangiyah c. bebuka d. peprenah
d. peprenah
“ Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentune atur kula nyuwun agunge pangapunten” punggelan layang kasebut manggon ing perangan ....
a. wasana basa b. surasa basa c. adangiyah d. purwaka basa
a. wasana basa
Layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang sing kudu dimangerteni dening liyan arane ....
a. layang kitir b. layang paturan c. layang dhawuh d. layang ganep
b. layang paturan
Layang kang isine mung saperlu wae, cekak lan ditulis ing kertas tartamtu, isine babagan kang mirunggan lan ditengeri mawa tulisan kitir diarani ....
a. layang kitir b. layang paturan c. layang dhawuh d. layang ganep
a. layang kitir
Layang undhangane pawongan kang lagi duwe gawe (mantu, nyunat, ulang taun, lsp) arane ...
a. layang ulem b. layang lelayu c. layang dhawuh d. layang ganep
a. layang ulem
Layang kang isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten, yaiku diarani ….
a. layang resmi b. layang ulem c. layang paturan d. layang lelayu
d. layang lelayu
Perangan kang nerangake pandonga, pamuji, lan pakurmatan kanggo sing dikirimi layang diarani ....
a. adangiyah b. satata basa c. purwaka basa d. surasa basa
a. adangiyah
Layang pribadi yaiku layang sing digunakake kanggo ....
A. urusan resmi B. komunikasi pribadi C. pengumuman sekolah D. surat dinas
b. komunikasi pribadi
Bagian layang sing isine salam pambuka yaiku ....
A. isi layang B. panutup C. irah-irahan D. salam pambuka
d. salam pambuka
Tuladha salam panutup layang yaiku ....
A. Sugeng enjing B. Halo kanca C. Matur nuwun D. Wassalamualaikum
c. matur nuwun
Layang resmi biasane nggunakake basa ....
A. ngoko B. gaul C. krama utawa baku D. bebas
c. krama utawa baku
Ing sekolah, ketua OSIS nggawe surat undangan rapat. Layang kasebut kalebu ....
A. layang pribadi B. layang resmi C. layang rahasia D. layang bebas
b. layang resmi

Perangan layang kang mujudkae wasana basa …
a. Kanthi serat punika ingkang putra atur kabar, bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu, kula ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng
b. Kajawi saking punika. kula badhe ngaturi pirsa, bilih ujian akhir semester gangsal mbenjang dhawah dinten Senin, tanggal 30 Mei 2022
c. Lajeng, ing kalodhangan punika ugi kula nyumun tambahing donga pangestu dhumateng panjenegan sekaliyan, mugia anggen kula sinau lumebet ing pikiran, saged tentrem manah kula
d. Wasanan cekap semanten atur kula, menawi wonten keladuking atur, kula nyuwun aguning samodra pangaksami
d. Wasanan cekap semanten atur kula, menawi wonten keladuking atur, kula nyuwun aguning samodra pangaksami
Perangane layang kang nyebutake bab isi/surasane layang utawa kepriye kekarepane layang. . .
a. Kanthi serat punika ingkang putra atur kabar, bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu,
kula ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng.
b. Ingkang kula suwun, mugia Bapak saha Ibu sakulawarga ing dalem tansah bagas kuwarasan,
manggih karahayon lan pangayomaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Amin.
c. Lajeng, ing kalodhangan punika ugi kula nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng
panjenengan sekaliyan, mugia anggen kula sinau lumebet ing pikiran, saged tentrem manah kula.
d. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten keladuking atur, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.
a. Kanthi serat punika ingkang putra atur kabar, bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu,
kula ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng.
Perangane layang kang mujudake purwaka basa....
a. Kanthi serat punika ingkang putra atur kabar, bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu,
kula ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng.
b. Kajawi saking punika, kula badhe ngaturi pirsa, bilih ujian akhir semester gangsal mbenjang
dhawah dinten Senin, tanggal 30 Mei 2022.
c. Lajeng, ing kalodhangan punika ugi kula nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng
panjenengan sekaliyan, mugia anggen kula sinau lumebet ing pikiran, saged tentrem manah kula.
d. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten keladuking atur, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.
a. Kanthi serat punika ingkang putra atur kabar, bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu,
kula ing Surabaya tansah ginanjar rahayu wilujeng.
Ing ngisor iki mbedakake antarane layang resmi lan layang pribadhi yaiku ...
a. ana titi mangsa
b. ana pambuka
c. ana nomer layang
d. ana paprenah
c. ana nomer layang
Perangan kang gunane kanggo nuduhake manawa ana dokumen kang disertakake ing layang resmi diarani
a. kop layang (kepala surat)
b. perihal
c. nomor surat
d. lampiran
d. lampiran

Layang ing dhuwur kalebu jinis layang ....
a. pribadi
b. resmi
c. ulem
d. kitir
b. resmi
Layang ing dhuwur ngandharake pariwara ngenani ....
a. lomba maca geguritan kanggo mengeti dina pahlawan
b. lomba maca gegruitan kanggo mengeti dina kamardikan
c. lomba pidhato kanggo mengeti dina pahlawan
d. lomba pidhato kanggo mengeti dina kamardikan
a. lomba maca geguritan kanggo mengeti dina pahlawan
23. Kaiket dening guru gatra,guru wilangan lan guru lagu, minangka cirine….
a. Tembang Macapat
b. Geguritan
c. Ukara
d. Parikan
a. tembang macapat
…………
Lamun ngidung udinen swara kang melung
Wicara kang cetha
Ngemu surasa kang adi
Wulang wuruk mrih luhuring budi tama
Tembang macapat ing dhuwur kedadean saka …. gatra.
a. 1
b. 2
c. 4
d. 8
c. 4
Guru wilangan lan guru lagu gatra tembang ing dhuwur yaiku ….
a. 12u, 6a, 8i, 13a
b. 10u, 6a, 8i, 12a
c. 12u, 6a, 8a, 12a
d. 12u, 6a, 8i, 12a
a. 12u, 6a, 8i, 13a
Isi kang kinandhut jroning tembang ing dhuwur yaiku … .
a. Mona-muni ing ngendi wae kudu ngunggulake awake dhewe
b. Wong sing diolehi nembang kuwi mung sing duwe swara apik
c. Mona-muni kuwi kudu sing becik lan kebak piwulang kabecikan
d. Wong sing ngongkon tumindak becik durung mesthi yen wonge uga becik
c. Mona-muni kuwi kudu sing becik lan kebak piwulang kabecikan
Supaya bisa nulis/ ngarang tembang macapat, kudu mangerteni paugeran ing ngisor iki, kajaba ....
a. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
b. sasmitane tembang
c. watake tembang
d. swasana batine pengarang
d. swasana batine pengarang
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
Cakepan tembang ing ndhuwur kalebu jinise tembang apa ...
a. Tembang Pucung
b. Tembang Maskumambang
c. Tembang Gambuh
d. Tembang Asmarandana
c. Tembang Gambuh
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang ing ndhuwur yaiku...
a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
b. 7u, 10a 12i, 8u, 8o
c. 7u, 10i, 12i, 8u, 8o
d. 7u, 10u, 12i, 8u, 8a
a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangkese durangkara
Isine tembang sapada ing ndhuwur yaiku...
a. Wong duwe ngelmu iku kudu diamalake
b. Wong golek ngelmu iku nganggo budaya
c. Ngelmu iku kudu duwe ngilmu budaya
d. Ngelmu iku yen golek karo mlaku
a. Wong duwe ngelmu iku kudu diamalake
31. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang ing ndhuwur yaiku...
a. 12u, 6i, 8i, 12a
b. 12u, 6a, 8i, 12i
c. 12u, 6u, 8i, 12a
d. 12u, 6a, 8i, 12a
d. 12u, 6a, 8i, 12a
Amanat kang bisa kapethik saka tembang ing ndhuwur yaiku...
a. Kita kudu golek ilmu karo mlaku
b. Kita kudu weruh pangekese budaya
c. Kita kudu duwe ngilmu budaya
d. Kita kudu golek ilmu kanthi santosa
d. Kita kudu golek ilmu kanthi santosa
Tembang Dhandhanggula nduweni watak ....
A. sedhih
B. bungah lan manis
C. nesu
D. lucu
B. bungah lan manis
Guru lagu ing tembang macapat yaiku ....
A. cacahing gatra
B. cacahing wanda
C. swara pungkasan saben gatra
D. irama lagu
C. swara pungkasan saben gatra
Tembang Pangkur biasane nggambarake ....
A. semangat lan pitutur
B. rasa sedhih
C. rasa tresna
D. guyonan
A. semangat lan pitutur
Tembang macapat kalebu karya sastra Jawa sing ....
A. modern
B. bebas aturan
C. tradisional
D. saka luar negeri
C. tradisional
Tuladha tema sing cocok kanggo tembang Sinom yaiku ....
A. semangat para remaja sinau
B. crita wong seda
C. perang gedhe
D. bencana alam
A. semangat para remaja sinau

Kabupaten Mojokerto, yen ditulis aksara Jawa yaiku . . .


A. Kutha Surabaya

a.

Ing ngisor iki sing duduk gunane Aksara Swara, yaiku....
a. kanggo nulis jenenge wong
b. kanggo nulis jenenge negara
c. kanggo nulis tembung-tembung serapan sing diwiwiti aksara swara
d. kanggo nulis jenenge kewan
d. kanggo nulis jenenge kewan

Amerika, yen ditulis nganggo aksara Jawa . . .
b.

Pasangan Aksara Murda sing manggon ing sisihe yaiku aksara … .
A. Sa
B. Ta
C. Pa
D. Ba
c. Pa
Ing saben tembung, aksara Murda mung katulis siji wae, kajaba tulisan … .
A. Pangeran Diponegoro
B. Presiden Habibi
C. Gusti Allah
D. Menteri Pariwisata
c. Gusti Allah

Presiden Joko Widodo, yen ditulis mawa aksara Jawa … .
A.

Ing ngisor iki kang dudu paugeran nulis aksara Murda yaiku … .
A. Aksara Murda duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan
B. Aksara Murda ora kena dadi sesigeging wanda
C. Aksara Murda ora kena diwenehi sandhangan
D. Aksara Murda cukup ditulis siji saben satembung
A. Aksara Murda duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan
Tembung ing ngisor iki yen ditulis nganggo aksara jawa ora mbutuhake aksara murda, yaiku … .
A. Lasmini
B. Darmilah
C. Rukmiyati
D. Susilowati
B. Darmilah

Tembung kopyah yen ditulis mawa aksara Jawa sing bener …
a.


Tembung Kutha Kertasana yen ditulis mawa aksara Jawa sing bener … .
a.


Tembung nulis kwitansi yen ditulis ing aksara Jawa ….
a.


yen ditulis mawa aksara latin … .
A. Bupati Purwakerta
B. Bupati Majakerta
C. Kabupaten Purwakerta
D. Kabupaten Mojokerto
D. Kabupaten Mojokerto
Aksra swara cacahe ana...
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8
a. 5

yen ditulis mawa aksara Latin yaiku...
A. sasi april
B. sasi agustus
C. sasi oktober
D. sasi januari
B. sasi agustus

yen ditulis mawa aksara Latin yaiku...
A. Organisasi pemudha
B. Organisasi pramuka
C. Organisasi karang taruna
D. Organisasi karang pemudha
C. Organisasi karang taruna

“Ustad Nurhadi” yen ditulis aksara Jawa...
c.

Salma : “Ibu, dhateng pundi kemawon pemasaranipun boneka flannel menika?”
Bu Dewi : “Ya macem-macem, Nak. Enek sing tak dol dhewe ing toko ngarep kae. Sebageyan ana
distributor saka kutha liya sing njupuk, lan sebageyan maneh dipasarna ing supermarket-
supermarket.”
Salma : “Lajeng kinten-kinten pinten asilipun?”
Bu Dewi : “Sawulan aku oleh asil bersih kurang luwih limang juta. Iku mau wis dipotong kango gaji
karyawan, beya prodhuksi, lan liya-liyane…”
Basa sing digunakake Bu Dewi yaiku basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
B. ngoko alus
Thukul : Dados ibu wiwit mbathik manika rikala yuswa 10 tahun nggih?
Bu Semi : Iya mbak, lha ibuku lan simbahku kuwi ya pinter mbathik.
Thukul : Dhuhhh sae sanget inggih bu, menika motif-motif menapa kemawon bu?
Bu Semi : ...
Wangsulane Bu Semi minangka narasumber sing becik yaiku . . .
A. Werna-werna mbak, mosok sampean blas ora ngerti motif bathik to mbak.
B. Werna-werna mbak, iki Parang Tritis, yen kuwi Ngliyep, kae Popoh lan Tambakrejo.
C. Werna-werna mbak, iki Parang Rusak, yen kuwi Sida Mukti, kae Truntum.
D. Werna-werna mbak, wis sampean sir mundhut sing endi, mengko tak diskon
C. Werna-werna mbak, iki Parang Rusak, yen kuwi Sida Mukti, kae Truntum.
Adhi kala wingi tilem dhateng griyanipun budhe. Ukara iku migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
D. krama alus
Ibu saben dina minggu tindak menyang daleme simbah.Ukara iku migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
D. krama alus
“Bu, aku lan kanca-kanca mengko bengi sida budhal menyang Bali lho!”
Bapak iki migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
A. ngoko lugu
“Asyik, bapak tindak Pulo Bali. Bali iku rak kutha wisata, kutha dewata, lan …”
Ukara iku migunakake basa … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
B. ngoko alus
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama lugu yaiku … .
A. Kula sampun dhahar
B. Panjenengan mau apa wis dhahar?
C. Aku wis mangan
D. Sampeyan wau dalu nedha jam pinten?
D. Sampeyan wau dalu nedha jam pinten?
Ukara kang isine nyritakake sawijining bab,kedadean,utawa sawijining kaanan marang wong liya diarani
ukara….
A. Pitakon
B. Andharan
C. Sananta
D. Hagnya
B. Andharan
Pandhu saben bengi sregep ngaji.
Ukara iku minangka tuladha ukara....
a. pitakon
b. andharan
c. pakon
d. sananta
b. andharan
Cita-citaku mbesuk pingin urip mulya lan bisa ngangkat drajate wong tuwa.
Ukara iku minangka tuladha ukara....
a. pitakon
b. andharan
c. pakon
d. sananta
d. sananta
Ndang budhala sekolah supaya ora telat!
Ukara iku minangka tuladha ukara...
a. Pitakon
b. Andharan
c. Pakon
d. sananta
c. Pakon
Simbah mau isuk wis ngunjuk obat,mula saiki bisa sare.
Ukara iku minangka tuladha ukara….
A. Pitakon
B. Andharan
C. Sananta
D. Hagnya
B. Andharan
Piye kabare kanca-kancamu sasuweni piwulangan lumantar daring,bijine tambah apik apa biasa-biasa
bae?
Ukara iku minangka tuladha ukara….
A. Pitakon
B. Andharan
C. Sananta
D. Hagnya
A. Pitakon
Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.
Ukara iku minangka tuladha ukara….
A. Pitakon
B. Sambawa umpama
C. Sananta
D. Andharan
B. Sambawa umpama
Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.
Ukara iku minangka tuladha ukara….
A. Pitakon
B. Sambawa sanajan
C. Sananta
D. Andharan
B. Sambawa sanajan
Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara sambawa, yaiku…
A. Aku ketinggalan sepur amarga budhale telat.
B. Klambine kae wenehne dhik Rifna ya!.
C. Sepurane Mbak, aku mau ngobong kayu ing ngarep omahmu
D. Ayua kancaku sing jenenge Siti kae bocahe ora kemayu.
D. Ayua kancaku sing jenenge Siti kae bocahe ora kemayu.
Mengko sore tulung tukokna gula sekilo!
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara...
A. Andharan
B. Sananta
C. Pakon
D. Pitakon
C. Pakon
Saben isuk aku nyapu latar ngarep.
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara...
A. Andharan
B. Sananta
C. Pakon
D. Pitakon
A. Andharan
Ing ngisor iki klebu tuladha ukara sananta yaiku
A. Mugi-mugi mengko sore udan deres
B. Mambengi aku kudanan
C. Kowe sesuk arep menyang ngendi?
D. Umbahen klambimu saiki!
A. Mugi-mugi mengko sore udan deres
Tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak diarani…….
A. Layang
B. Iklan
C. Poster
D. Pengumuman
B. Iklan

Iklan ing dhuwur kalebu jinising iklan … .
A. layanan masyarakat
B. komersial
C. persuasif
D. reminder
B. komersial

Iklan ing dhuwur kalebu jinising iklan … .
A. layanan masyarakat
B. komersial
C. persuasif
D. reminder
B. komersial
Ing ngisor iki kalebu manfaat ngombe jus, kajaba . . .
A. Ngatasi babagan pencernaan
B. Ngurangi diabetes
C. Ningkataken kekebalan awak
D. Njalari awak ora sehat
D. Njalari awak ora sehat

Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!
Iklan ing dhuwur kalebu iklan ....
A. komersial
B. layanan masyarakat
C. baris
D. produk
B. layanan masyarakat

Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!
Iklan ing dhuwur kalebu iklan ....
A. layanan masyarakat
B. komersial
C. pendidikan
D. budaya
B. komersial

Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!
Iklan kasebut nawakake ....
A. panganan
B. jasa pendidikan
C. barang elektronik
D. kendaraan
B. jasa pendidikan

Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!
Iklan kasebut kalebu ....
A. iklan niaga
B. iklan layanan masyarakat
C. iklan baris
D. iklan produk
B. iklan layanan masyarakat
Unsur sing paling wigati supaya iklan narik kawigaten pamirsa yaiku ....
A. ukara dawa lan angel
B. gambar lan basa sing menarik
C. tulisan cilik lan rapet
D. warna sing peteng kabeh
B. gambar lan basa sing menarik
Proses pitakonan ( tanya – jawab) kang ditindakake dening pawongan ( wartawan, peneliti, reporter,
siswa, lsp) kanggo nyuwun pirsa informasi marang narasumber kanthi cara sapatemon (pertemuan) diarani...
A. Pacelathon
B. Wawancara
C. Dialog
D. Ngudarasa
B. Wawancara
Narasumber yaiku....
A. Wong kang nyuwun pirsa bab samubarang.
B. Wong kang nyiarake asile wawancara
C. Wong kang dianggep mangerteni informasi ing babagan tartamtu sing ana hubungani karo topik
wawancara
D. Wong sing disuwuni pendapat
C. Wong kang dianggep mangerteni informasi ing babagan tartamtu sing ana hubungani karo topik
wawancara
Kang kudu ditindakake nalika arep wawancara yaiku.... kejaba...
A. Nentokake narasumber
B. Nggawe daftar pitakonan
C. Nentokake dina lan papan panggonan wawancara
D. Semayanan karo narasumber kanthi dadakan
D. Semayanan karo narasumber kanthi dadakan
Wawancara kang ditindakake kanthi terang-terangan ngenani wartane, narasumbere, lan pitakonane uga
ora winates, diarani wawancara....
A. Tinarbuka
B. Konferensi
C. Kelompok
D. Katutup
A. Tinarbuka
Wawancara yaiku ....
A. kegiatan maca puisi
B. kegiatan tanya jawab kanggo golek informasi
C. kegiatan nembang
D. kegiatan dolanan
B. kegiatan tanya jawab kanggo golek informasi
Wong sing menehi pitakon nalika wawancara diarani ....
A. narasumber
B. pamirsa
C. pewawancara
D. panulis
C. pewawancara
Sadurunge wawancara, sing kudu disiapake yaiku ....
a. pitakon wawancara
B. dolanan
C. gambar
D. hadiah
a. pitakon wawancara
Basa sing digunakake nalika wawancara kudu ....
A. kasar
B. santai banget
C. sopan lan jelas
D. nesu
C. sopan lan jelas
Rina takon marang kepala desa babagan kebersihan lingkungan. Kagiyatan kasebut diarani ....
A. diskusi
B. wawancara
C. pidato
D. lomba
B. wawancara
Wacan kanggo soal nomer 92–96
Pewawancara : “Sugeng enjing, Pak. Kula badhe takon babagan kebersihan lingkungan desa.”
Narasumber : “Inggih, mangga.”
Pewawancara : “Apa program kebersihan sing ditindakake warga?”
Narasumber : “Warga rutin kerja bakti saben dina Minggu.”
Pewawancara : “Apa manfaat kerja bakti kasebut?”
Narasumber : “Lingkungan dados resik lan sehat.”
Pewawancara : “Matur nuwun, Pak.”
Narasumber : “Inggih, sami-sami.”
Sing dadi pewawancara yaiku ....
A. warga desa
B. kepala desa
C. wong sing menehi jawaban
D. wong sing menehi pitakon
D. wong sing menehi pitakon
Wacan kanggo soal nomer 92–96
Pewawancara : “Sugeng enjing, Pak. Kula badhe takon babagan kebersihan lingkungan desa.”
Narasumber : “Inggih, mangga.”
Pewawancara : “Apa program kebersihan sing ditindakake warga?”
Narasumber : “Warga rutin kerja bakti saben dina Minggu.”
Pewawancara : “Apa manfaat kerja bakti kasebut?”
Narasumber : “Lingkungan dados resik lan sehat.”
Pewawancara : “Matur nuwun, Pak.”
Narasumber : “Inggih, sami-sami.”
Narasumber ing wawancara kasebut nerangake babagan ....
A. pendidikan
B. kebersihan lingkungan
C. perdagangan
D. olahraga
B. kebersihan lingkungan
Wacan kanggo soal nomer 92–96
Pewawancara : “Sugeng enjing, Pak. Kula badhe takon babagan kebersihan lingkungan desa.”
Narasumber : “Inggih, mangga.”
Pewawancara : “Apa program kebersihan sing ditindakake warga?”
Narasumber : “Warga rutin kerja bakti saben dina Minggu.”
Pewawancara : “Apa manfaat kerja bakti kasebut?”
Narasumber : “Lingkungan dados resik lan sehat.”
Pewawancara : “Matur nuwun, Pak.”
Narasumber : “Inggih, sami-sami.”
Narasumber ing wawancara kasebut nerangake babagan ....
Program kebersihan sing ditindakake warga yaiku ....
A. ronda malam
B. lomba bal-balan
C. kerja bakti rutin
D. pentas seni
C. kerja bakti rutin
Wacan kanggo soal nomer 92–96
Pewawancara : “Sugeng enjing, Pak. Kula badhe takon babagan kebersihan lingkungan desa.”
Narasumber : “Inggih, mangga.”
Pewawancara : “Apa program kebersihan sing ditindakake warga?”
Narasumber : “Warga rutin kerja bakti saben dina Minggu.”
Pewawancara : “Apa manfaat kerja bakti kasebut?”
Narasumber : “Lingkungan dados resik lan sehat.”
Pewawancara : “Matur nuwun, Pak.”
Narasumber : “Inggih, sami-sami.”
Narasumber ing wawancara kasebut nerangake babagan ....
Manfaat kerja bakti miturut narasumber yaiku ....
A. lingkungan dadi rame
B. lingkungan dadi reged
C. lingkungan dadi resik lan sehat
D. warga dadi kesel
C. lingkungan dadi resik lan sehat
Wacan kanggo soal nomer 92–96
Pewawancara : “Sugeng enjing, Pak. Kula badhe takon babagan kebersihan lingkungan desa.”
Narasumber : “Inggih, mangga.”
Pewawancara : “Apa program kebersihan sing ditindakake warga?”
Narasumber : “Warga rutin kerja bakti saben dina Minggu.”
Pewawancara : “Apa manfaat kerja bakti kasebut?”
Narasumber : “Lingkungan dados resik lan sehat.”
Pewawancara : “Matur nuwun, Pak.”
Narasumber : “Inggih, sami-sami.”
Basa sing digunakake ing wawancara kasebut yaiku ....
A. basa kasar
B. basa ngoko
C. basa krama
D. basa campuran
C. basa krama

Sing ngirim layang yaiku ....
A. kepala sekolah
B. wali kelas
C. Ketua OSIS
D. siswa kelas VII
C. Ketua OSIS
Tujuan dianakake rapat yaiku ....
A. lomba olahraga
B. persiapan pentas seni
C. kerja bakti
D. ujian sekolah
B. persiapan pentas seni
100.Basa sing digunakake ing layang resmi yaiku ....
A. ngoko kasar
B. basa gaul
C. sopan lan baku
D. basa santai
C. sopan lan baku